Saturday 5 January 2019

Kidung Rumeksa ing Wengi

Oleh Sunan Kalijaga

Ana kidung rumeksa ing wengi/ teguh
ayu luputa ing lara/ luputa bilahi kabeh/
jin setan datan purun/ paneluhan tan
ana wani/ miwah panggawe ala/ gunane
wong luput/ geni atemahan tirta/ maling
adoh tan ana ngarah ing kami/ guna
duduk pan sirna//

Sakehing lara pan samya bali/
sakehing ama sami miruda/ welas asih
pandulune/ sakehing braja luput/ kadi
kapuk tibanireki/ sakehing wisa tawa/ sato
kurda tutut/ kayu aeng lemah sangar/
songing landak/ guwaning mong lemah
miring/ myang pakiponing merak//

No comments:

Post a Comment